Contoh Teks Pembawa Acara Dalam Bahasa Jawa

Berikut ini adalah contoh naskah Pembawa Acara dalam Acara Perpisahan Sekolah dalam  Bahasa Jawa. Mulai dari acara pembuka sampai dengan cara mempersilakan orang lain untuk berpidato.


TULADHA PRANATACARA ING ADICARA PEPISAHAN SEKOLAH (BASA JAWI)

Assalamu’alaikum wr.wb.

Kawula nuwun. Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah sarta Bapak Ibu guru. Ingkang kula urmati para tamu undangan wali murid tuwin para kanca/ kadang nunggil pawiyatan ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin sumangga kita sami ngaturaken puja-puji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Ta’ala, ingkang sampun kepareng paring kanugrahan arupi kasarasan jasmani lan rohani sahengga ngantos wekdal punika panjenengan sadaya dalasan kula saged hangrawuhi undangan wonten ing tata adicara pepisahan siswa kelas III.

Kaping kalihipun mugi-mugi, salawat salam tansah kunjuk dhumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW, sumangga ing adicara pepisahan siswa kelas III punika kawiwitan kanthi maos Basmalah, Bismillahirrohmanirrohiim. Mugi-mugi Gusti Allah tetep paring barokah sahengga lampahing adicara punika saged lumampah kanthi rancag engga paripurna.

Bapak tuwin ibu guru, kanca-kanca lan para undangan ingkang dahat kinurmatan
kula ingkang jinejer pinangka pranatacara, keparenga langkung rumiyin badhe hangaturaken menggah urut reroncening adicara ingkang sampun sinanggit dening para kadang panitia.


  • Tinarbuka kanthi waosan basmallah sesarengan sampun kaleksanan.
  • Kalajengaken waosan ayat suci Al-Qur’an
  • Adicara salajengipun tanggap wacana saking Bapak Kepala Sekolah
  • Tanggap wacana saking siswa kelas II
  • Lan kasambet tanggap wacana saking siswa kelas III
  • Panutup lan do’a mujudaken reroncening adicara ingkang pungkasan.


Bapak tuwin ibu guru, kanca-kanca lan para undangan ingkang dahat kinurmatan, mekaten reroncening tata adicara pepisahan siswa kelas tiga ing siang/ ratri wekdal punika, murih rancag lampahing adicara ingkang salajengipun inggih punika waosan ayat suci Al-Qur’an dhumateng kadang _____________ ingkang sampun piniji murih kaleksananing sedya papan lan wekdal kasumanggakaken.

Translate ke bahasa Indonesia

+Artikel bahasa jawa lainnya bisa kamu lihat disini



BACA SELENGKAPNYA...
Description: Contoh Teks Pembawa Acara Dalam Bahasa Jawa Rating: 5.0 Reviewer: Eri ItemReviewed: Contoh Teks Pembawa Acara Dalam Bahasa Jawa


ARTIKEL TERKAIT:

ket: *Orange = belum dibaca | *Biru = sudah dibaca


0 Komentar untuk "Contoh Teks Pembawa Acara Dalam Bahasa Jawa"
Back To Top